09/06/2020
Pahami Pentinge Rahasiakna Kode OTP
_
Pernah olih SMS sing isine 6 digit nomer pas lagi transaksi online belih? Kie arane OTP alias One-Time Password. Tapi panjenengan ngarti belih pentinge OTP lan bisane kode kie ora olih di sebarna maring sapapun? Monggo simak ringkesan infone nggo keamanan data pribadi panjenengan.
-Apa kue kode OTP?
Kode OTP (One-Time Password) kue kata sandi sekali pakai sing isine 6 digit karakter (seringe nomer) unik lan rahasia sing umume dikirim maring sms / e-mail. Setiap kode sing dikirimna ana bates waktune (5 menit biasane).
-Kapan kode OTP dinggone?
Kode OTP dikirim lewat SMS / e-mail daning pihak bank, aplikasi, operator & kanggo bentuk keamanan konfirmasi Login / transaksi sing dilakukna pas online. Makane, kode OTP sifate rahasia & ora olih dinekena maring wong liya, mbuh keluarga, kanca mesra, bahkan pihak sing ngirim kode OTP kue.
-Bisane kode OTP ora olih di sebarna maring wong liya?
Coba njenengan bayangna kode OTP kue kunci umah. Misal kunci umah kie dinekena maring wong liya (asing), panjenengan pada baene mein akses maring wong liya nggo manjing maring umahe njenengan & ngobrak-abriki / maling isi umahe panjenengan. Nah pada bae karo kode OTP, misal njenengan mein akses akun (bank, aplikasi) maring wong liya, sing notabene isine informasi pribadi njenengan, kaya nomor KTP, alamat umah, informasi bank, lan liya-liyane sing bisa disalahgunakna daning pihak sing ora bertanggungjawab. Misal duit ning rekening bank ilang, terus data pribadi panjenengan dinggo nggo nyilih pinjaman online, hayoo ambyar kan...
-Piben carane ngertini ana wong sing lagi pan “nyerang” akun sing njenengan ndueni?
Pihak sing ngirimna kode OTP (bank, aplikasi) selalu ngelingna eben ora nyebarna kode OTP maring wong liya, termasuk pihak sing ngirim kode OTP (Bank, aplikasi, operator). Makane panjenengan kudu ati-ati maring wong sing ngaku-ngaku dadi perwakilan pihak tertentu (bank, aplikasi, operator) sing njaluk kode OTP panjenengan.
Nek misal njenengan olih runtungan SMS / e-mail sing isine kode OTP, bisa jadi "Garangan" lagi nyoba manjing maring akune njenengan secara paksa, solusine yaiku langsung ganti password utawa PIN sing njenengan miliki & hubungi CS (Customer Service) layanan sing panjenengan nganggo.
Matur nuwun atas perhatiane wassalamualaikum & tetep jaga kesehatan.
Sumber: https://www.jenius.com/highlight/detail/pahami-pentingnya-merahasiakan-kode-otp